Dicancang eben Mingkem - "DiDo Nogata BAKISAN"
Headlines News :
Home » » Dicancang eben Mingkem

Dicancang eben Mingkem

Written By GDE NOGATA on Rabu, 18 April 2018 | 23.47

Pamomong
Pringgitan
Dicancang eben Mingkem
Oleh Saroni Asikin


Bu Sukmawati Soekarnoputri lagi dadi lakon krana puisine dianggep nglecehna simbol-simbol Islam. Tapi enyong belih pan nulis soal kuwe. Nang dunya maya, wis turah-turah sing mbahas.
Nang medsos, belih kurang-kurang sing ngganyami, sing dugal utawa jengkel, samana uga sing mbelani. Nang dunya nyata, omongan soal puisi kuwe wis ora ketulungan gemriyeke. Enyong kur pan crita prenah ngalami nasib kaya Bu Sukma. Eh, rika aja salah tampa dingin, ya. Sing enyong alami kiye sabenere laka saiprit-iprit acan dibandingna sing lagi dialami anak wadone Bung Karno kuwe.

Apa maning sing ngganyami enyong kuwe kur wong siji, yakuwe kakange enyong (almarhum). Bisane enyong kena ganyaman? Enyong dianggep madakna kentongan langgar karo lonceng greja. Batir-batir, angger belih salah, enyong egin SD waktu kuwe. Jaman samana langgar-langgar nang desane enyong durung nganggo speker. Nggo niteni wis waktune sembayang, wong-wong nyegerna monine kentongan. Critane, sawise kentongan magrib moni, enyong ngomong, ‘’Kae loncenge wis moni.’’ Kakange enyong langsung dugal.

‘’Lonceng! Kaya greja bae.’’ Senajan ngganyamane ya ora galak-galak nemen, rasane tetep makjleb. Dudu wedi karo kakange enyong, tapi enyong wedi aja-aja enyong dosa krana nyebut simbol sing nggo ngundang wong sembayang nganggo simbol greja.

Angger takpikir saiki, barang enyong wis tuwa kaplak kiye, enyong yakin nemen, omongan ‘’lonceng’’ kuwe laka sambungane karo simbol greja. Lah waktu kuwe, weruh greja utawa krungu loncenge bae belih tau. Sing sering krungu ya lonceng nang SD Inprese enyong. Kuwe bae cuwilan wesi, dudu lonceng.

Ya, jaman cilik kuwe, enyong durung ngarti apaapa soal simbol-simbol, apa maning simbol agama liya. Lah priben maning, lair jebred wis Islam, urip nang desa sing waktu samana ya wonge Islam kabeh. Enyong uga durung ngarti, simbol kuwe penting nemen. Sawise enyong luwih tuwa, sawise senajan satitik tau sinau elmu Sosiologi, Antropologi, Semiotika, Komunikasi Lintas Budaya, enyong sadar, simbol kuwe penting nemen nang uripe wong-wong, apa maning simbol-simbol sing ngarah nang keyakinan utawa agama.

Akeh konplik (utawa gedene dadi perang) diwiwiti saka ‘’penistaan’’ simbol-simbol. Luwih-luwih adong sing dianggep nistakna kuwe wong penting, wong sing duwe aran, wah sing dugal pating gremiyek lan pating crowet. Untunge waktu dianggep madakna kentongan langgar karo lonceng greja kuwe enyong egin cilik, bocah SD sing sunat bae durung. Toli mung ngomong nang ngarepe kakange dewek.

Cacak rika bayangnya angger waktu kuwe enyong wis tuwa jenggoten, arane ya madan dikenal, duwe status penting nang masarakat, toli enyong ngomonge nang ngarepe wong akeh. Misale, nang ngarepe jamaah langgar utawa nang kumpulane wong sadesa, toli saben wong kuwe duwe anggepan pada karo anggepane kakange enyong, wah bisa gawat keliwatliwat kuweh. Bisa bae enyong dionek-onekna ‘’murtad’’, ‘’kapir’’, ‘’mursal’’.

Iya adong kur dionek-onekna. Adong ana sing sewot? Bisa-bisa tangan utawa sendal mampir nang raine enyong, utawa umahe enyong dikrutugi watu. Belih taksebutna, rika kabeh wis ngarti, ana wongwong sing duwe aran, jabatane duwur, sing ngranapi dilandrat nang penjara krana kaya omongane dianggep gawe lara ati lan keyakinane wong liya.

Crita jaman cilik kuwe takemut-emut terus eben enyong belih asal njeplak, asal mangap, asal nggremengna apa bae sing pengin taketokena saka cangkeme enyong. Cangkem, jarene wong Jawa kuwe kerata basa utawa jarwa dhosoke ‘’dicancang eben mingkem’’. Maksude ya dudu ora olih omong, tapi sapa bae kudu mikirna disit apa sing pan diomongna. Dicancang kuwe artine diatur eben sing metu bener lan ora disalahpahami wong sing krungu.

Ya, kaya nang basa Indonesia ana pribahasa ”Mulutmu harimaumu”. Wis ati-ati kaya kuwe bae enyong ya dong-dongan esih keprucut. Sing kiye ya ana critane. Critane enyong mulang kuliyah Semiotika karo Komunikasi Lintas Budaya.

Sewaktu mbahas salah sijine tokoh sing ajarane dipeloni sebagiyan mahasiswa, kepenginane enyong nyadarna, adong melu ajarane wong kuwe aja kur melu taklid. Meloni kuwe kudu ngerti sapa sing dipeloni. Nah, enggal bae enyong ngomong adong ana sing salah nang carane sebagiyan mahasiswa kuwe nglakoni ajarane si tokoh kuwe.

Alhamdulillah, enyong gagiyan sadar. Dadi omongan sing wis ana nang pucuk ilat ora sida metu. Senajan mung nang kelas sing isine 30-an mahasiswa, angger sida kewetu omongane enyong kuwe, ndeyan bae tah dadi prekara gede. Mangkane, batir-batir, enyong lan rika kabeh apike pancen kudu ati-ati sadurunge ngetokna omongan.

Awake dewek prelu nyancang cangkem eben sing metu kur sing apik-apik tok lan ora nglarani wong liya. Apa maning, sing jare awake dewek kuwe bener lan apik, durung temtu bener lan apik jarene wong liya. Kaya kuwe oh ya? (44)

Harian Suara Merdeka, 08 April 2018 |

Share this article :

0 komentar:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Proudly powered by Blogger
Copyright © 2011. "DiDo Nogata BAKISAN" - All Rights Reserved
Template Design by Creating Website Published by Mas Template